photo home_zps8d3d6714.png  photo about_zps75659c3d.png

November 16, 2012

Sego Jagung Gak Ndeso

halo wong indonesia, wong ngalam, wong jowo, wong edan, wong gendeng, wong seng moco tulisanku iki.
yopo kabarmu? ndunyo wes molak malik gak karuan, tapi gak opo opo. seng penting aku sek iso mangan sego jagung

hwik, ono opo ambe sego jagung?

yo ga ono opo opo! tapi iku pangan enak, sehat, bergizi tinggi ambe gak NDESOOO! lek kon senengane mangan pizza tah fast food. iku seh ancen gaul! tapi gak sehaat! warek e diluk, porsine titik, dan seng paling jwannccc** iku LARAAAANG!

tapi gaopo, aku yo seneng pizza. opo meneh lek di tukokno.

gudu e aku gak mampu tuku panganan enak liyane sego jagung, tapi yo .. iki jeneng e variasi hidup. kudu ngerasakno gak enak ambe enak. ojo mangan seng "wah, wah" ae. seng gak "wah, wah" gak di pangan.
opo meneh lek ono arek gaul, arek kece, arek jaim, anak e pak kaji, ngomong ngene "apa tuch sega jagung, gak level"
gaopo ker, pangananmu di ece! anggep ae arek koyo ngono iku ilat e gak tau di sekolahno.

lakok iso?

iyo! iku cita rasa khas indonesia, panganan para pejuang, panganan e pak sukarno, pak habibi, pak hatta, ambe wong- wong seng bien tau nggowo bambu runcing gae ngusir tentara belanda. terus laopo o kon kudu gengsi mangan sego jagung?
nde TV ae wes sering di omongno "cintailah produk- produk indonesia" iku yo himbauan gae kon kon seng jomblo. lek golek ojob, seng lokal ae, ojo ambe bule. soal e produk dalam negeri kadang- kadang yo luwih berkualitas ambe luwih murah ker. hehe, ora ker guyon seng iki. ojo metenteng ae!

yo ngono wes ker urip iku.
kon kudu ngerasakno yo opo susah. kudu urip sederhana. wong yo gak seneng tok kan. koyo kopi ilo. nduwur e enak, ngko lek wes nde ngisor karek letek e tok. yo ojo di guak letek e! soal e seng nggae kopi iku nduwur e enak, yo letek iku. coba golek o bayu anget meneh, siramen meneh, ngko lak iso enak meneh. masio aku gak tau nyoba.

sampai jumpa, selamat beraktivitas

No comments:

Post a Comment

Write Here ..